SEJARAH DESA
30 April 2014 17:20:39 WIB
DUMADINING KALURAHAN PUCUNG
RINGKESING CARIOS
Dumadining Kalurahan Pucung saderengipun dados karang pradesan ingkang ageng, wewengkon Kalurahan Pucung arupi wana-wana ing antawisipun wana Logender,wana Tirisan,wana Gupak warak wana Nagasari, wana Bobosan lan sanes - sanesipun . Anut lampahing wanci kacarios wonten tiyang ingkang tetruka ing wana Tirisan, asma eyang Iradrana .
Saya dangu saya katah tiyang ingkang ndrerek Eyang Iradrana dedunung ing wana Tirisan .Ing antawisipun eyang Sama setika saputra wayahipun. Temah wana Tirisan dados dusun ageng. Eyang Iradrana kapitados minongka sesepuh tansah apring pitedah lan wewarah tata cara ngolah pasiten lan tetanen.
Karana wana Tirisan awujud pareden, mila kathah warga Tirisan ingkang mbikak wana sakidulipun tlagi Suling, ingkang dipun anggep langkung subur ugi bawera. Laladan wau saestu langkung subur katimbang wana Tirisan. Puniko ingkang dados jalaranipun warga Tirisan sami boyong dateng tlatah sakidulipun tlagi Suling kasebat.
Laladan wau khatah wit Pucang, inggih puniko sak bangsanipun wit jambe. Wusana warga Tirisan sami manggen ing wana Pucang, ngantos dados dusun ingkang gemah. Gesangipun langkung tata titi temtrem lan kasinungan rejeki ingkang mbanyu mili.
Sesebatan dusun Pucang, dangu ning dangu pocapan nipun dados “Pucung” ngantos dumugi wedal menika dados kalurahan Pucung.
Kalurahan Pucung madeg secara nyata nalika dinten Kamis Pahing , surya 12 September 1907.
Ing ngandhap punika dipun aturaken sacara urut lurah-lurah ingkang nate ngasta ing Kalurahan Pucung.
- Wangsa setika ( 1907-1924)
- Sastra wijaya ( 1024- 1940)
- Mangun Prayitno ( 1940-1952)
- Wijaya Sastra ( 1952-1985)
- Atmosentono (Pj) (1985-1987)
- Adi Suwarna (1987-1995)
- Suwasta (Pj) (1995- 1996)
- Suparlan , SIP (1996-2013)
- Tri Murjaka, S IP (2013)
- Bambang Untara ( 2013-2019
- Paelan (2019)
- Estu dwiyono, S Pd ( 2019- sekarang)
- Kawontenan Kalurahan Pucung
Kalurahan Pucung inggih menika satunggaling Kalurahan ingkang mlebet wewengkon Kapanewon Girisubo Kabupaten Gunungkidul ingkang dumunung ing iring kidul wetan tlatah Gunungkidul arupi redi, samodra,pelabuhan lan siti pategalan.
Tapel wates Kalurahan Pucung inggih menika :
- Sisih Ler tapel wates bumi kaliyan Kalurahan Jeruk wudel soho Melikan Rongkop,
- Sisih Wetan tapel wates bumi kaliyan Kalurahan Songbanyu,
- Sisih kidul tapel wates kaliyan Samodra Hindia,
- Sisih kilen tapel wates bumi kaliyan Kalurahan Tileng,
Wiyaring tlatah Kalurahan Pucung wonten 2177,5510 Ha. Tebih caketing papan paprentahan Kalurahan Pucung dumugi Kantor Kapanewon Girisubo 3 Km, Kantor Kabupaten 44 Km saha Kantor Pemerintah D.I.Yogyakarta 88 Km. Kalurahan Pucung mujudaken satunggaling tlatah ingkang anggadhahi tata paprentahan ingkang sah kaliyan sampun dipun akeni dening Pamarentah Pusat. Kalurahan mujudaken paprentahan ingkang anggadhahi :
- Kukuban Kalurahan kanthi tapel wates ingkang gumathok.
- Wonten warga ingkang mapan wonten tlatah utawi kukupan Kalurahan Pucung ingkang mujudaken satunggaling pakempalan
- Anggadhahi tatacara utawi adat tumrap gesang sesrawungan antawisipun warga ing wewengkon wau ingkang mujudaken satunggaling pranatan.
- Sampun jumbuh kaliyan paugeran nagari lan dados peranganing ingkang mboten saged kapisahaken.
Jumbuh kaliyan paugeran nagari, paprentahan Kalurahan utawi kalurahan nglampahi pranatan pusat saha daerah. Ingkang mekaten bebadan kaliyan lembaga ingkang ngesuhi Kalurahan ugi kawastanan miturut pranatan ingkang wonten.
Kawontenan pasiten ing Kalurahan Pucung mujudaken pareden, tegalan saha wewengkon samodra. Wonten siti tegalan, pekawisan, pereng-pereng redi, siti kraton sinebat Sultan Ground utawi SG lan sanes-sanesipun. Ing papan ingkang miring kathah sela-sela utawi watu ingkang saged dipun ginakaken mawerni-werni kabetahanipun tiyang, dene iring kidul, kathah pinanggih samodra lan Papan kangge pemancingan minangka papan wisata ingkang asri lan nyengsemaken, antawisipun :
- Samodra srakung
- Samodra Ngungap
- Samodra Menyer
- Samodra Mblandaran
- Samodra Ngambusan
- Samodra Nguluran.
- Samodro perikanan Pantai Sadeng
Kejawi kadadosan saking pareden, pategalan, samodra ugi anggadhahi kathah sumber toya ingkang saged migunani tumrap panggesanganipun warga, antawisipun :
- Sumber Bulak Suling
- Sumber Rongkok
- Sumber Trayu
Panguwaosaning siti ing Kalurahan Pucung saged kaperang, ing antawisipun :
- Siti ingkang dipun kuwaosi dening pamarentah kalurahan inggih menika siti kas Kalurahan, lungguh pamong, lan siti pengarem-arem.
- Siti ingkang dipun kuwaosi dening pamarentah inggih menika siti kahutanan utawi AB lan sanes-sanesipun.
- Siti ingkang dipun dadosaken hak milik pribadi utawi siti pekulen turun temurun.
- Siti kagungan Dalem Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat Sultan Grond utawi SG.
- Wewengkon Padhukuhan
Kalurahan Pucung wonten sedoso padhukuhan ingkang dumados saking :
- Padhukuhan Wotawati, dipun pangarsani dening Pj Tujiran,
- Padhukuhan Ngreyung, dipun pangarsani dening Aris Wardana,
- Padhukuhan Traju, dipun pangarsani dening Aris Rakun,
- Padhukuhan Karang Tengah, dipun pangarsani dening Kasina,
- Padhukuhan Bengle, dipun pangarsani dening Wagiya ,
- Padhukuhan Pakel Kopek, dipun pangarsani dening Musiran,
- Padhukuhan Pucung, dipun pangarsani dening Murdiyanto,
- Padhukuhan Nujo, dipun pangarsani dening Sutarna,
- Padhukuhan Wonotoro, dipun pangarsani dening Suramto,
- Padhukuhan Kandri, dipun pangarsani dening Harningsih S.IP,
Panyengkuyunganipun para warga tumrap tlatah, kiwa tengen sanget ageng, semanten ugi pranatanipun wewengkon saged ndadosaken tata tentreming para warga.
Awit ingkang mekaten wau antawisipun wewengkon kaliyan para warga mboten saged kapisahaken, amargi kekalihipun tansah manunggal. Menawi katiti sakeplasan, masarakat Kalurahan Pucung sampun kaperang dados 10 padhukuhan ingkang satunggal kaliyan satunggalipun mboten sami.
Kersanipun pamarentah ngawontenaken padhukuhan-padhukuhan menika mboten kangge benten-bentenaken satunggaling paguyuban warga kaliyan paguyuban warga sanesipun, ing babagan menika kaajab kanthi wontenipun padhukuhan-padhukuhan kala wau saged ngrancanakaken lampahing laku jlantraning paprentahan wiwit pusat ngantos dumugi paguyuban-paguyuban warga ingkang alit piyambak. Pramila lurah anggadhahi tugas lan jejibahan paring katrangan saha nuntun para warga tumuju dhumateng manunggaling sedya, hamemayu hayuning bawana, luhuring budaya santosaning agama, bangsa lan nagari. Kanthi mekaten saged langkung terwaca, bilih kawontenaning wewengkon lan para warga ing Kalurahan Pucung namung satunggal, inggih menika lingkungan lan para warga Pucung.
Warga Kalurahan Pucung tansah angleluri budaya adiluhung tilaranipun para leluhur ing nguni pinangka ngurmati labuh-labet bekti lan amanah ingkang dados piwucal luhur para sesepuh. Ing antawisipun ;
- Gotong royong.
- Aja dumeh.
- Wong Jawa aja ilang Jawane,
- Narima Ing Pandum,
- Watak andhap asor.
Sesambetan memitran warga satunggal kaliyan sanesipun tansah anggegulang raos kurmat-kinurmatan, andhap asor, lung tinulung, gotong royong, asah asih lan asuh. Agami minangka panuntun gesang dados landhesan, wewaler utawi pepakaliyang, pepadhang, pengayom lan pengayem, panuntun kiblating panembah dhumateng Ingkang Maha Wikan Allah ingkang Maha Kawasa. Adat budaya ingkang tasih lumampah lan dipun ugemi para warga Kalurahan Pucung, ing antawisipun :
- Sambatan
Sambatan menika satunggaling adat budaya ingkang magepokan kaliyan pakaryan mbetahaken tenaga kathah. Para warga, magersari ing sak kiwa tengenipun tiyang gadhah damel kanthi caos panyengkuyungan arupi tenaga kangge ngrampungaken pakaryan kala wau. Pakaryan ingkang padatan mawi sambatan inggih menika ambangun griya.
- Rewang hajatan utawi sripah
Saben wonten tiyang kagungan damel hajatan utawi tiyang panandhang duhkita, boten badhe rampung tanpa panyengkuyunganipun sanak sedherek, magersari kanan-kering saking wiwitan ngantos purnaning gati.
- Gugur gunung utawi royongan
Gugur gunung utawi royongan magepokan kaliyan paguyuban makarya ing siti pategalan, olah tetanen, umumipun dipun tindakaken para ibu-ibu. Pakaryan gugur gunung utawi royongan dipun ayahi kanthi gantosan.
- Gerakan utawi Gerbuhan.
Gerakan (dipun waos Gera’an) menika satunggaling wujud makarya sesearengan, namung bentenipun kaliyan ing nginggil, biasanipun pakaryan ingkang magepokan kaliyan papan-papan kangge tiyang kathah utawi papan umum antawisipun; resik-resik margi, ambangun bale dhusun, masjid, ndadosi galengan, damel pager, lan sanes-sanesipun.
Sedaya pakaryan ing nginggil dipun lampahaken kanthi sae tanpa pamrih mboten ngantu-antu prabeya menapa dene upah. Sedaya adat budaya kala wau tasih lumampah ing Kalurahan menika ingkang dereng mesti dipun panggihaken ing wewengkon sanesipun. Para warga ngrumaosi bilih raos kekadangan menika mboten badhe saged tinumbas ngangge arta menapa bandha donya. Wontenipun namung raos lung-tinulung kaliyan tangga tepalih, magersari.
- Para Warga
Warga Kalurahan Pucung miturut ing palaporan Monografi Kalurahan warsa 2020 kaserat :
- Warga Kakung : 3.855 Jiwa
- Warga putri : 3.825 Jiwa
- Gunggung sedaya : 7.680 Jiwa
Warga kasebat kedadosan saking : 2.655 Kepala Kulawarga.
- Perangane Yuswa Warga
Warga Kalurahan Pucung miturut yuswanipun ing warsa 2020 kados kaserat ing ngandhap menika :
No |
Umur |
Jumlah |
Kakung |
Putri |
1 |
0 - 1 |
2 |
2 |
0 |
2 |
2-4 |
92 |
39 |
53 |
3 |
5-9 |
161 |
94 |
67 |
4 |
10-14 |
208 |
94 |
114 |
5 |
15 - 19 |
212 |
109 |
103 |
6 |
20 - 24 |
243 |
118 |
125 |
7 |
25 - 29 |
283 |
164 |
119 |
8 |
30 - 34 |
180 |
80 |
100 |
9 |
35 - 39 |
184 |
103 |
81 |
10 |
40 - 44 |
208 |
97 |
111 |
11 |
45 - 49 |
272 |
126 |
146 |
12 |
50 - 54 |
284 |
144 |
140 |
13 |
55 - 59 |
268 |
122 |
146 |
14 |
60 - 64 |
251 |
121 |
130 |
15 |
65 - 69 |
190 |
116 |
74 |
16 |
70 - 74 |
113 |
46 |
67 |
17 |
75 - 90 |
286 |
124 |
167 |
|
TOTAL |
3.437 |
1.699 |
1.738 |
- Tataran Pawiyatan para warga
Miturut pawiyatan, Warga Kalurahan Pucung Kapanewon Girisubo ing warsa 2020 kados ing ngandhap menika :
No |
Pawiyatan |
Gunggung |
Kakung |
Putri |
1 |
TIDAK / BELUM SEKOLAH |
618 |
281 |
337 |
2 |
BELUM TAMAT SD/SEDERAJAT |
377 |
148 |
229 |
3 |
TAMAT SD / SEDERAJAT |
1.375 |
673 |
702 |
4 |
SLTP/SEDERAJAT |
714 |
404 |
310 |
5 |
SLTA / SEDERAJAT |
316 |
175 |
141 |
6 |
DIPLOMA I / II |
8 |
4 |
4 |
7 |
AKADEMI/ DIPLOMA III/S. MUDA |
6 |
2 |
4 |
8 |
DIPLOMA IV/ STRATA I |
20 |
10 |
10 |
9 |
STRATA II |
2 |
1 |
1 |
10 |
STRATA III |
1 |
1 |
- |
Gunggung |
3.437 |
1.699 |
1.738 |
- Pakaryanipun para warga
Peranganing para warga Kalurahan Pucung Kapanewon Girisubo miturut pakaryan, ing warsa 2020 kados ing ngandhap menika:
No |
Pakaryan |
Gunggung |
Kakung |
Putri |
1 |
BELUM/TIDAK BEKERJA |
506 |
264 |
242 |
2 |
MENGURUS RUMAH TANGGA |
167 |
1 |
166 |
3 |
PELAJAR/MAHASISWA |
404 |
203 |
201 |
4 |
PENSIUNAN |
3 |
3 |
- |
5 |
PEGAWAI NEGERI SIPIL (PNS) |
22 |
15 |
7 |
6 |
TENTARA NASIONAL INDONESIA (TNI) |
- |
- |
- |
7 |
KEPOLISIAN RI (POLRI) |
- |
- |
- |
8 |
PERDAGANGAN |
9 |
4 |
5 |
9 |
PETANI/PERKEBUNAN |
1.548 |
686 |
862 |
10 |
PETERNAK |
- |
- |
- |
11 |
NELAYAN/PERIKANAN |
56 |
55 |
1 |
12 |
INDUSTRI |
- |
- |
- |
13 |
KONSTRUKSI |
1 |
- |
1 |
14 |
TRANSPORTASI |
2 |
2 |
- |
15 |
KARYAWAN SWASTA |
227 |
145 |
82 |
16 |
KARYAWAN HONORER |
2 |
2 |
- |
17 |
BURUH HARIAN LEPAS |
349 |
218 |
131 |
18 |
BURUH TANI/PERKEBUNAN |
27 |
15 |
12 |
19 |
BURUH NELAYAN/PERIKANAN |
15 |
15 |
- |
20 |
GURU |
3 |
1 |
2 |
21 |
PERAWAT |
1 |
- |
1 |
22 |
SOPIR |
7 |
7 |
- |
23 |
PEDAGANG |
1 |
1 |
- |
24 |
PERANGKAT DESA |
21 |
18 |
3 |
25 |
KEPALA DESA |
1 |
1 |
- |
26 |
WIRASWASTA |
65 |
43 |
22 |
Gunggung |
3.437 |
1.699 |
1.738 |
- Warga Miturut Agaminipun
Wonten ing perangan agami, warga Kalurahan Pucung Kapanewon Girisubo ing warsa 2020 kados ing ngandhap menika :
No |
Agami |
Gunggung |
Kakung |
Putri |
1 |
ISLAM |
3.573 |
1.764 |
1.809 |
2 |
KRISTEN |
1 |
1 |
- |
3 |
KATHOLIK |
7 |
3 |
4 |
4 |
HINDU |
- |
- |
- |
5 |
BUDHA |
- |
- |
- |
6 |
KHONGHUCU |
- |
- |
- |
7 |
Kepercayaan Terhadap Tuhan YME / Lainnya |
2 |
1 |
1 |
Gunggung |
3.437 |
1.699 |
1.738 |
- Pamong Kalurahan lan Lembaga Kalurahan
Kanthi lelandhesan Undang-Undang Negara Kesatuan Republik Indonesia Nomer 6 warsa 2014, ingkang ngatur babagan Kalurahan, Pemerintah Kalurahan inggih menika Kepala Kalurahan kabiyantu dening Perangkat Kalurahan pinangka perangan punggawa Paprentahan Kalurahan. Kepala Kalurahan minangka Pejabat utawi pangarsaning paprentahan pamarentah Kalurahan ingkang gadhah wewenang, jejibahan kaliyan wajib nglampahaken pranatan tuwin mobah mosiking panggulawenthah lumampahing Kalurahannipun kaliyan nglampahi jejibahan saking Pamarentah Pusat menapa dene pamarentah kabupaten.
Dene Badan Permusyawaratan Kalurahan (BPK) minangka Lembaga ingkang nindakaken jejibahan Paprentahan ingkang anggotanipun mujudaken utusan saking warga Kalurahan, utusan saking wewengkon padhukuhan.
Miturut pranataning utawi Peraturan Bupati Gunungkidul Nomor 20 Tahun 2020 ingkang ngatur babagan Struktur Organisasi Dan Tata Kerja Pemerintah Kalurahan, Pemerintah Kalurahan menika kadadosan saking :
1. |
Kepala Kalurahan : |
|||
|
1. |
Lurah |
: |
Estu Dwiyono S.Pd |
2. |
Sekretariat Kalurahan : |
|||
|
1. |
Carik |
: |
EKO SUJARNO, S AB |
|
2. |
Kepala Urusan Danarta |
: |
TUJIRAN |
|
3. |
Kepala Urusan Pangripta |
: |
EDY PRASTOWO |
|
4. |
Kepala Urusan Tata laksana |
: |
WIJI ISWANTO |
3. |
Pelaksana Teknis ( Kepala Seksi ) : |
|||
|
1. |
Kepala Seksi Ulu-ulu |
: |
SUGENG HANDOYO |
|
2. |
Kepala Seksi Jagabaya |
: |
WAHID |
|
3. |
Kepala Seksi Kamitua |
: |
SRI ENDAYANI |
4. |
Unsur Kewilayahan ( Dukuh ) : Kepala Kalurahan kabiyantu dening sedoso dhukuh ingkang nggadahi jejibahan dhumateng wewengkonipun piyambak-piyambak.
|
|||
|
1. |
Dukuh Wotawati |
: |
ROBY SUGIHASTANTO |
|
2. |
Dukuh Ngreyung |
: |
ARIS WARDANA |
|
3. |
Dukuh Traju |
: |
RAKUN |
|
4. |
Dukuh Karangtengah |
: |
KASINA |
|
5. |
Dukuh Bengle |
: |
WAGIYA |
|
6. |
Dukuh Pakelkopel |
: |
MUSIRAN |
|
7. |
Dukuh Pucung |
: |
MURDIYANTO |
|
8. |
Dukuh Nujo |
: |
SUTARNA |
|
9. |
Dukuh Wonotoro |
: |
SURAMTO |
|
10. |
Dukuh Kandri |
: |
HARNINGSIH |
|
|
|
|
|
5. |
Staf Kalurahan Kejawi menika, saben Kepala Urusan saha dene Kepala Seksi ugi dipun bantu dening staf Kalurahan.
|
|||
|
1. |
TRI WINDARTO |
: |
Staf Pamong Kalurahan |
|
2. |
KAMTINI |
: |
Staf Pamong Kalurahan |
|
3. |
MUSIYATNA |
: |
Staf Pamong Kalurahan |
|
4. |
SUNYI SETIYAWAN |
: |
Staf Pamong Kalurahan |
Struktur Organisasi Tata Kerja Pemerintah Kalurahan ing pemerintahan Kalurahan Pucung kagambaraken kados bagan ing ngandhap menika.
Gambar ing nginggil, njlentrehaken peranganing pamong Kalurahan, jejibahanipun, saha gandheng ceneng antawisipun satunggal pamong kaliyan pamong sanesipun, saking Kepala Kalurahan, Carik, Kepala Seksi, Kepala Urusan dumugi Dhukuh. Kejawi pamong Kalurahan, ugi wonten lembaga Badan Permusyawaratan Kalurahan minangka wakil para warga.
Kangge nuhoni jejibahan minangka pemerintah Kalurahan, Kepala Kalurahan Pucung kabiantu perangkat Kalurahan ugi anggadhahi lembaga utawi bebadan Kalurahan ingkang jejibahanipun sabiantu Pamarintah Kalurahan Pucung, antawisipun :
- LPMD : 1 lembaga
- LPMP : 10 lembaga ( 10 padhukuhan )
- RW : 10 lembaga ( 10 padhukuhan )
- RT : 31 lembaga
- PKK : 1 lembaga
- Karang Taruna : 1 lembaga
- BKD : 1 lembaga
- Gapoktan : 1 lembaga
Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Kalurahan (LPMD), Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Padukuhan (LPMP), Rukun Warga (RW) kaliyan Rukun Tetangga (RT) menika lembaga wajib Kalurahan. PKK lan Karang Taruna minangka salah setunggalipun bebadan Kalurahan lanKalurahannipun kanthi Peraturan Kalurahan, ugi anggadhahi pranatan piyambak miturut pranatan pamarintah sanesipun. Kejawi PKK saha Karang Taruna Kalurahan, ugi kadamel PKK saha Karang Taruna Padhukuhan.
- Tatacara budaya
Warga masarakat Kalurahan Pucung tansah ambudidaya saha angleluri tatacara lan budaya warisan leluhuripun. Tatacara kaliyan kabudayan kala wau inggih menika ingkang anggadhahi piwucal kasaenan tumraping gesang. Antawisipun ;
- Adat kaliyan Tatacara
- Adat :
- Upacara Rasul utawi Bersih Kalurahan
Upacara adat rasul menika tasih lestantun ing Kalurahan Pucung. Upacara tradhisi rasulan wonten Karang Tengah, Kalurahan Pucung dipun awiti kanthi ritual Nyadran ing resan Traju, kalajengaken kiprah seni tradhisional tayub ing ndalunipun, saklajenngipun ing malem kamis Wage dipun kiprahaken seni tradhisional kethoprak kaliyan ing dinten Rabu Legi kirang langkung tabuh 07.00 WIB, saben warga masarakat nindaaken tradhisi masang, inggih menika masang sekul golong jangkep lawuhipun saking dalemipun piyambak-piyambak tumuju ing margi ugi dipun kantheni wuduk ingkung kanthi sebatan sekul suci ulam sari saking pamong Kalurahan. Sasampunipun dipun kempalaken, sega golong kalawau salebeting margi dipun pikul dening para warga kanthi cucuk lampah dipun pangarsani dening para tetuwangganing dhusun kaiiring warga ingkang ngasta panjang ilang, inggih menika ubo rampe utawi wadhah sesaji saking janur kuning kaiirng kelompok seni tradhisional ing antawisipun; reog, jathilan, dhoger, shalawatan, saha kesenian sanes-sanesipun tumuju lapangan dipun aturaken dhumateng tetuwangganing bergada.
Awit dipun damel kanthi mawarni-warni arupi pepethan utawi simbol among tani, kewan ternak, lajeng mina lan sanes-sanesipun miturut kawontenan ing Kalurahan Pucung, salajengipun kakirabaken tumuju Balai Kalurahan Pucung.
Sasampunipun iring-iringan dumugi ing bale Kalurahan kanthi kairing ungeling gendhing Jawa, margi dipun pasrahaken dhumateng Kepala Kalurahan pinangka pengageng upacara. Lajeng dipun pasrahaken dhumateng kaum utawi juru kunci supados dipun agem ubarampe Gendhuri.
Adicara gendhuri dipun awiti tabuh 12.00 WIB sedaya pasarta kirab, pamong Kalurahan, perabot pemerintah Kapanewon, perabot pemerintah kabupaten kaliyan para warga masarakat ndherek upacara kendhuri menika, ingkang dipun pangarsani dening dening Kaum. Gendhuri dipun awiti kanthi maos ekral, nggih menika ngaturaken satunggal mbaka satunggal nami sesaji, ancas sesaji, kados ingkang dipun aturaken Mbah Tobeng pinangka Juru kunci rasulan, bilih, rasulan niku kedah mawi Gendhuri, pirantinipun mawarni-warni sajen kadosta, wonten tumpeng, sekul golong, jenang kaliyan sanes sanesipun, ancasipun kagem caos pakurmatan dhumateng arwah para leluhur lan makhluk ghaib ingkang mbahureksa bumi Kalurahan Pucung mriki. Pungkasaning adicara gendhuri inggih menika ngodhol margi.
- Tatacara
Wonten ing Kalurahan Pucung engga wekdal menika tasih dipun uri-uri kaliyan dipun lestantunaken wontenipun tatacara adat tradhisi budaya Jawa tilaranipun para leluhur minangka tandha raos syukur lan perlambang panuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Alloh SWT.
- Kagem tiyang gesang, dipun adani dening kulawarga ingkang kagungan gati piyambak, ing antawisipun :
- Puputan Bayi
- Tetakan
- Tingkeban
- Punaran pengantin
- Sepekenan pengantin
- Momongi bale wisma enggal
- Momongi munggah suwunan.
- Kagem kintun donga dhumateng para arwah ingkang sampun kondur dhateng kasedan jati, ing antawisipun;
- Surtanah
- Pitung dinten
- Kawandasa dinten
- Satus dinten
- Pendhak sepisan
- Pendhak pindho
- Sewu dinten.
- Kagem nelaaken raos tanggel jawab dhumateng para leluhur, pakurmatan dhumateng titahing Gusti ingang mapan wonten ing jagat madya kaliyan jagat nyata satemah manggih laras gesangipun. Upacara tradhisi budaya Jawa genduri utawi kenduri menika dipun adani para warga ingkang sami makempal wonten ing papan jumbuh adicara ingkang magepokan kaliyan :
- Kirim ndowa tandur
- Kirim ndowa cas gagang
- Gumregan
- Tatacara adat tradhisi ingkang magepokan kaliyan gesang bebrayan, kanthi lampahan tatacara :
- Lamaran
- Pasrah Sarana
- Kendhuri Wilujengan utawi Memule
- Pasang Tarub
- Midodareni
- Punjungan
- Ijab-Kabul
- Panggih Manten
- Walimahan Resepsi
- Tepung Besan
- Olah Seni lan Permainan Bocah
- Olah Seni
Olah seni ingkang tansah lestantun ing Kalurahan Pucung dumugi wekdal menika antawisipun :
- Ringgit Wacucal Srandhul
- Karawitan Qosidah
- Ketoprak Gejog Lesung
- Reyog lan Jathilan Thoklik
- Tari Topeng Tari-tari.
- Terbang (sholawatan)
Mapinten –pinten paguyuban seni tradhisi ingkang tasih ngrembaka saha papan dumunungipun ing Kalurahan Pucung kados dene ingkang dipun serat ing ngandhap menika,
- Permainan Bocah
Permainan bocah ingkang tasih ngrembaka ing Kalurahan Pucung, antawisipun ;
- Gobag Sodor Egrang
- Sundha Mandha Gangsingan
- Benthik Dakon
- Gotho Jethungan.
- Tata basa, Sastra, lan Aksara
- Basa
Tatabasa kanthi krama madya menapa dene krama hinggil kejawi wonten ing pangandikan saben dintenipun, ugi wonten ing adicara upacara adat, antawisipun :
- Sesorah
- Pranata Cara
- Pambagya harja
- Panglamar manten
- Panampi
- Ikral Gendhuri
- Pamit Lalayu
- Wilujengan
Amargi dipun raosaken sanget wigatosing babagan tata basa Jawa alus lan leres menika, lajeng ing warsa 2020, Pemerintah Kalurahan Pucung ngawontenaken pawiyatan utawi gladhen sesorah basa Jawa, ngadibusana gagrag Nyayogjakarta jangkep kagem para wiranen kaliyan pamong Kalurahan. Kanthi gladhen menika kaajab tata basa Jawa saha tata ngadibusana gagrag Ngayogjakarta jangkep ingkang sae lan leres menika saged lestantun ing Kalurahan Pucung.
- Sastra
Babagan olah sastra, warga Kalurahan Pucung dumugi wekdal menika ugi satuhu nglestantunaken, antawisipun :
- Panembrama
- Macapat
- Paribasan, cangkriman
- Aksara
Aksara Jawa tumraping warga Kalurahan Pucung satunggaling warisan leluhur ingkang kedah dipun lestantunaken. Mapinten-pinten lampah ingkang dipun budidaya antawisipun :
- Tulisan Papan Pituduh.
- Tulisan Papan Ruangan.
- Sengkalan .
- Piwucalan ing Sekolah
- Daharan Lawas utawi Kuliner lan Pakaryan
- Dhaharan Lawas
Wujuding dhaharan lawas ing Kalurahan Pucung mboten benten kaliyan Kalurahan sanesipun, antawisipun :
- Klethi’an menika daharan alit ingkang saged dipun damel saking tela, kacang, dele, beras, krowotan, pisang, lss.
- Sega abang,
- Sambel Pecel,
- Gudeg , Sayur Lombok,
- Wedang Jahe,
- Peyek, ampyang, puli-tempe, tempe mandhing, jadah ketan,
- Jamu
Anggenipun ngracik lan ngolah, warga Kalurahan Pucung tasih ngginakaken sarana lan ngleluri budaya warisan leluhuripun. Taksih ngagem kajeng utawi kayu obong, anglo, lemper munthu saking kayu utawi sela, kendhil, kukusan, lan sanes-sanesipun.
Foto 15. Piranti lan cara masak kuno
Kejawi dhaharan ingkang dipun cawisaken ing saben dinten kangge kabetahan kulawarga, ugi tasih wonten mawarni-warni wujudipun dhaharan kangge kacekapan ubarampe upacara adat, kados dene ing ngandhap menika.
- Tumpeng Alus,
- Jenang abang,
- Sekul Golong,
- Sekul Giling Sasupit,
- Sekul suci ulam sari,
- Tumpeng Robyong,
- Pisang raja,
- Jajan Pasar,
- Rak-rakan,
- Pakaryan
Warga Kalurahan Pucung saperangan ageng warganipun among tani, anggenipun sami tetanen ugi kanthi tatacara tradhisional. Sae sarana piranti utawi tatacara tandur, panen kaliyan sanes-sanensipun. Sesarengan olah tani, kadang tani ing Kalurahan Pucung ugi gadhah pakaryan samben minangka misayamina utawi nelayan, bakul, nggulawentah wisata, lan ngingah kewan kanthi ingah-ingahan lembu miwah mendha. Sedaya wau kabudidaya kangge kabetahan amrih gesang sedayanipun.
Pakaryan samben ingkang lestantun ing Kalurahan Pucung antawisipun ugi wonten kerajinan saking deling utawi pring ingkang awujud anyam-anyaman gedheg, tampah, kukusan, kepang, gedhek kaliyan ngolah dhedaharan. Saperangan malih, warga masarakat ugi makarya minangka tukang kayu, tukang batu ingkang damel griya, piranti griya utawi meubel lan sanes-sanesipun.
- Warisan Budaya kaliyan Arsitektur
- Warisan Budaya
Warisan budaya ing Kalurahan Pucung wonten ingkang awujud tatacara ugi wonten ingkang awujud barang menapa dene papan panggenan. Antawisipun :
- Tosan Aji kadasta; keris, tombak, patrem, pedhang, kaliyan Akik utawi Batu mulia.
- Petilasan Ky Joko Suro Njenu
- Siti Sultan Ground
- Piranti lawas utawi alat-alat kuno
- Gamelan utawi gangsa
- Arsitektur
Mapinten-pinten wewangunan ingkang mujudaken ciri khas utawi warisan budaya bangsa mliginipun tiyang Jawa wonten ing Kalurahan Pucung, antawisipun :
- Tugu wates;
- Pesareyan arupi; cungkup, maesan;
- Griya adat arupi; joglo, limasan, litring, kampung;
- Wangunan Kantor Kepala Kalurahan;
Sedaya wewangunan ingkang sampun kaserat ing nginggil, tasih kathah ing wewengkon Pucung, gambar ing nginggil kala wau namung saperangan alit kemawon. Ing sadhengah papan asring dipun panggihaken wewangunan kasebat. Wonten ing karang praKalurahann wewengkon padhukuhan tasih kathah wujudipun wangunan griya limasan, griya kampung, kaliyan saperangan alit griya joglo kagunganipun para warga. Ugi ing saben panggenan, bale padhukuhanipun wujud Joglo senajan saking cor-coran semen. Tugu wates ugi mujudaken tilaranipun para pangarsaning Kalurahan jaman rumiyin.
&
Pencarian
Feed IG
Statistik Kunjungan
Hari ini | |
Kemarin | |
Pengunjung |